PRANATA ACARA (MUQODIMAH PEMBAWA ACARA) TAHLIL

 PRANOTO ACORO
(Yasinan dan Tahlil)


Assalamualaikum wr.wb
Allhamdulilah allhamdulilah robbil ‘alamin assollatu wassalamu ‘ala asrofil ambiyai warmursalin sayyidina Muhammadin wa 'ala alihi wasohbihi ajma'in, amma ba’du.

Bapak²/Ibu²/ Saudara²/ Saudari²/ mas²/mbak² ingkang dirohmati Gusti Allah, saderenge acara dipun wiwiti monggo kito tansah raos puji syukur maring ALLAH SWT ingkang sampun maringi pinten² kerohmatan soho inayahipun sahinggo ing dalu puniko kito saged rawuh ing acara dalu puniko kanthi sehat wal 'afiat, sholawat soho salam kito aturaken dumateng junjungan kito nabi Muhamad SAW, ingkang kito tenggo-tenggo syafa'atipun wonten yaumil qiyamah, amin.

Mboten kesupen, kito ngaturaken panuwun dumateng Bpk/ Ibu/ Saudara/ Saudari/ mas/mbak…….. ingkang sampun maringi wekdal soho panggenan kangge acara puniko. Mugi-mugi diparingi rezeki lan keluarga ingkang barokah.

Ing mriki kulo ingkang kajibah dados pranoto acara kempalan rutin yasinan lan tahlilan bade maosaken susunan acara wonten ing dalu meniko:
● ingkang sepindah pembukaan
● Kaping kalih waosan surat yasin ingkang bade kapimpin penjenenganipun Bapak / Ibu / Saudara / Saudari/ mas/mbak………….
● ingkang kaping tigo waosan dzikir tahlil ingkang dipun pimpin Bapak / Ibu /saudara / saudari/ mas/mbak……….
● ingkang ongko sekawan istirahat
● (Jika ada pengumuman dari pengurus atau siraman rohani) ingkang ongko gangsal inggih puniko pengumuman / mauidhzoh hasanah ingkang dipun aturaken Bpk / Ibu / Saudara / Saudari/ mas/mbak ………………….
● ingkang terakhir inggih puniko doa penutup.

Mekaten waosan yasin ugi tahlil, kulo sebagai pranoto acara ngaturaken ngaputen ingkang katah bilih menopo wonten klenta klentunipun ucap.

Wallohumuwaffiq ila aqwami thoriq. 
Wasalamu'alaikum wr. wb.

------------------------

Muqodimah format gambar;


















Tutorial membuat undangan tahlil;





Terima kasih, semoga bermanfaat.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan

HIKMAH NJOWOAN