Kata-kata Sindiran Jawa Kocak Ngakak

Kudune dzikiran lan ibadah khusu' koyo menikmati medsos baqo' tenggelam ing dalem suasana membaca tiap-tiap postingan dan komentar.  Saking baqo'nya nganti ora ngerti wayah, lali sarapan lali mangan lali peggawean. ๐Ÿ˜…

Jangan sok pintar mengurusi dan mengatur tatanan dunia, yang membuat dan Pemilik dunia lebih tau dan sudah punya rencana sendiri mau diapakan dunia dan seisinya miliknya๐Ÿ˜Š jadi tidak usah ikut-ikut bersusah payah memikirkan dunia yang bukan milik kita.๐Ÿ˜Š

Dolanan medsos mung hiburan, ora usah baper dilebokne ati mundak cepet tuwo. Dolanan medsos kudu kuat mental lan biso ngempet emosi, supoyo awet enom. ๐Ÿ˜

Yen durung biso urip makmur kudu nyambut gawe lan ibadah sing teratur, ojo nganti nganggur supoyo ora tambah babak belur ajur mumur ๐Ÿ˜๐Ÿ˜

Yen utang ngomongo utang, yen njauk ngomongo njauk, supoyo ora arep - arep kewuhan nagih utang. ๐Ÿ˜๐Ÿ˜

Nyedak konco kok hamung kepingin mulyo tok, konco nampa musibah keno masalah malah ditinggal lungo. Konco ora duwe isin.

Yen umure wes manjing dewasa kudu iso mandiri, kudu wani rekoso. Belajar rekoso supoyo dadi wong kuat, ora nganti ngemis ngandalno welase wong liyo terus-terusan.☺

Kerjo kui ibadah, sing ninggalno ibadah (seneng nganggur) bakal nrimo piwales musibah urip ora kepenak. Ojo lali obah supoyo iso mamah. ๐Ÿ˜Š

Sing kerjo wae sih kober sambat susah, opo maneh sing betah nganggur sido tambah ajur mumur babak belur disawat bojo nganggo sewur ๐Ÿ˜๐Ÿ˜

Sing uripe makmur ora duwe utang nang dulur mergo kerjone ora tau kendur, ngegas terus koyo mlayune sepur ๐Ÿ˜๐Ÿ˜. Ngerti playune sepur? Koyo kilat ora setopan lurrr.. ๐Ÿ˜…๐Ÿ˜…

Urip ngandalno wong tuwo ora penak lurr, ora sak lawase sing dijagakno ono cemepak terus-terusan. Jenenge bondo dunyo iso nyunyut sak wayah-wayah. ๐Ÿ˜Š๐Ÿ˜Š

Lek gurung iso mandiri ojo sombong pamer iko lan iki. Yen isih jagakno tekan welase wong liyo utowo wong tuwo iku podo karo krida lumahing asto alias NGEMIS.












Yen durung iso gawe BUNGAH wong tuwo, ojo gawe sumbere SUSAH. Harga dirine anak mergo bisa nyengkuyung wong tuwo, yen wong tuwo susah mergo anak arane PASULAYAN urip.

Kok gelem wae dijajah dikolonialisasi kekarepan, kekarean dunyo iko lan iki. Moso kekarepane ati sing ukhrowi kalah karo kekarepan dunyo. Penjajahan non fisik canggih perlu dilawan kelawan riyadhoh lan tirakat sing tenanan ora asal-asalan.๐Ÿ˜Š

Urip ayem tentrem  ora mergo  duit akeh, tegalan ombo, sawah hektaran lan omah magrong-magrong. Nanging awak sehat ngguyu loss ngakak ora nganti gering mikir masalah iko lan iki bolak balik mlebu rumah sakit biaya atusan juta, ora waras-waras.๐Ÿ˜Š 

Ojo dolanan dunyo, dunyo ora suwe ora awet sak lawase. Dolanan sak cukupe sak perlune wae. Mosok umure wes tuwo sih dolanan dunyo koyo cah cilik dolanan layangan umbul-umbulan. Umur akeh sikap ora dewasa koyo cah cilik ora pantes disawang.๐Ÿ˜Š

Pikiran ingkang wening jernih muncule mergo ora mikir gebyare dunyo nemen-nemen. Kakean mikir kekarepan dunyo marai pikiran mumet, njlimet lan ruwet. Senajan dzikiran yen atine isih duwe kekarepan dunyo bakal kesikso kekarepane. Sak cukupe sak perlune wae.๐Ÿ˜Š

Obah dipaido, meneng isih dirasani. Yo ngono kuwi isine bebrayan ning alam dunyo.

Wong sing pikirane cendak, wayah penak meneng wae pamer kejembaran kuoso kemampuane, sewalike wayah susah nyedak njauk diewangi. Ora ono rasa wirange.

Mlebu surgo ora perlu bondo dunyo akeh-akeh, sing penting atine slamet tekan gebyare dunyo otomatis mlebu surgo. Illa man atallaha bi qolbin salim. ๐Ÿ˜˜

Matur suwun, sampun pinarak. Mugi-mugi manfaat.๐Ÿ˜Š

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan

HIKMAH NJOWOAN