Postingan dan Status Jawa Lucu Inspiratif

Nyawang wong liyo koyo-koyo urip penak, padahal ora melu ngrasakno sejatine ning njero pikirane koyo ngopo mumet lan ruwete!! ๐Ÿ˜…

Roso benci kui nyusahno lan nyikso awake dewe; nyawang sing dibenci langsung darah tinggi, sirah mumet, bingung kudu menghindar, bingung kelingan bayang°° wajahe, lan bingung liyo - liyane

Wong bakulan kudu pinter ngetuprus nawakno opo sing dibakul, yen meneng wae bakulane malah sepi.๐Ÿ˜

Ojo gampang percoyo omongan yen ora nyawang, ngrungokno lan nyekseni dewe ning TKP ๐Ÿ˜‰

Pinter pikirane gurung mesti bener tumindak lan lakune, ora sitik wong keminter malah jebul pungkasane keblinger๐Ÿ˜Š


Yen penampilan religius ojo nganti omongan lan tumindak lakune modus ๐Ÿ˜. Seneng ngetuprus janjine ora tulus, ngutilan koyo tikus, lan kedanan fulus koyo buto sing rakus.

Wong sugih dunyo brono roto-roto wedi mati, wedi dunyone dijupok wong liyo. Sewalike wong sugih utang kepingin ndang mati, mergo budrek ditagih terus tapi ora mati-mati. ๐Ÿ˜…

Harga dirine wong lanang mergo wani rekoso awan bengi makaryo, supoyo ora nganti dadi beban lan gawe susahe wong liyo☺



















Sak kuat - kuate menungso, masio dadi bos preman lek wes tuwek untune entek kekuatan mesti bakal sirno ilang. Mung kuat mangan bubur.

Sugih bondo ojo umuh rumongso paling digdoyo, mergo Gusti Pengeran sak wayah-wayah biso molak - malik keadaan. Piro suwene nekakne banjir lan bencana alam liyane.๐Ÿ˜Š




Nguber pangkat jabatan kuwi panganane wong kedanan duniawi, lek wes kedanan duniawi ditambani obat opo ae tetep edan.

Dadio wong sing loman, senajan sugih ora nggegem nyimpen. Wong loman sak wayah-wayah butuh pitulungan mesti kinabulan, tur digampangne golek sandang pangan.๐Ÿ˜




Wong ngalah urung mesti kalah, malah uripe ayem tentrem kebak barokah ora kakean mikir dunyo sing marakne susah๐Ÿ˜˜

Ojo gampang niru katut trend, yen iso dadio pencipta trend sing biso ditiru apik marang wong liyone.๐Ÿ˜˜




















Ora kober mikir negatif lan ngurusi uripe wong liyo, sepurane sibuk mikir kenyataan lan keadaan uripku dewe. Mergo susah seneng, penak gak penak aku dewe sing ngrasakno dudu wong liyo.

Ojo lali sarapan, supoyo kuat sabar mikir beban keadaan lan ngadepi kenyataan ๐Ÿ˜


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan

HIKMAH NJOWOAN