Tulisan Humor Ngguyu Ngakak

Fokus mikir penggawean lan nyambut gawe sing sregep ora usah kakean mikir liyane, sirah ben gak tambah mumet lan ngelu. Eman sirah digawe mikir yen hasile mung dipaido ๐Ÿ˜๐Ÿ˜ sing serakah uripe mesti susah, sewalike wong sing ngalah uripe mesti Barokah. Barokah keluargane, barokah rezeki sandang pangane lan barokah uripe. ๐Ÿ˜  Ojo nantang perkoro kepingin unggul; unggul kekuatan, unggul banda, unggul kepinteran marai urip kebak ciloko. Yen wes ora mampu mikir liyane, mikir uripe keluargane, yen wes ora mampu mikir keluargane mikir awake dewe ben ora nganti nyusahno wong liyane. Fokus ngatur ego lan hawa nafsune dewe ben atine adem ayem tentrem ora gampang emosional.

Mental lan pikiran sehat, urip dadi ayem tentrem lan berkualitas. Mikir liyane yen dadi sumber e penyakit ora usah diterusno dari pada ajur mumur! ๐Ÿ˜๐Ÿ˜ Kudu diiling, mikir wong liyo ojo sampek kebablasan dadi wujud pemaksaan implementasi "egoisme" sentris. Dunyo wes ono sing ngatur, diatur maring akarya jagad "AL-MUDABBIR", mongko awake dewe ora usah kangelan kewuhan melu-melu ngatur.๐Ÿ˜Š




Sirah yen ngelu marai nyambut gawene ora bisa konsentrasi, ojo dadi wong ding-dong foolish dimanfaatno tok. Ora melu mangan nongkone, malah gupak pulute. ๐Ÿ˜๐Ÿ˜

Wong sing cerdas iku, kudu pinter ngindari jebakan batman. Dijebak, kok gelem ae yo babak belur. Kalah body, kalah bolo, kalah bondo, yo ojo sampek kalah utek kepinteran. Kudu duwe ilmune welut, ora gampang dicekel, yen dicekel tangan lunyu mrusat mrusut. ๐Ÿ˜…๐Ÿ˜…

















Jumangkah sak jumangkah kudu ati-ati pinastiti. Ojo koyo ilmune bebek, digiring mung nganggo kayu pring manut ae sak tekane paran. ๐Ÿ˜

Lelakone urip ora mung rupo kesenengan, ananging yo rupo kesusahan. Susah mergo tekan awake dewe utawa tekan dulur lan konco. Mulo ora aneh yen critane raja-raja biyen tirakat tapa nyepi ing panggonan sing adoh tekan bebrayan. Tapa nyepi ora mergo diarani mung anti sosial, ananging sarana nglatih diri ngendalekno ambisi hawa nafsu pribadi sing kala-kala ora bisa ditaleni nalikane bebrayan. Urip bebrayan biasane muncul unggul-unggulan status sosial. Dominasi Ego-sentris naliko bebrayan susah ngalah, podo rumongso pinter rumongso bisa gawe keputusan. Mongko perlu diimbangi kelawan tapa nyepi.





Niat lan laku kudu tulus ojo nganti modus, mergo kulino modus uripe bakal susah panen suloyo terus, akhire mampus. ๐Ÿ˜Š

Ojo ngaku pendekar yen isih kober sambat lan bingung golek utangan ๐Ÿ˜…. Pendekar kuwi yen ora mati bosok dadi batang ๐Ÿ˜Š๐Ÿ˜.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan

HIKMAH NJOWOAN