Quotes Piwulang Jawa

Ridha lan barokahe Gusti Pengeran cedak maring wong sing atine ikhlas tumandang nglaksanaake kewajiban.

Ojo nganti urip jagakno maring kawelasane wong liyo, mergo martabat lan harga diri kudu dijogo kelawan usaha nyambut gawe sing tenanan senajan rekoso.

Ora popo kerjone rekoso, nanging martabat lan harga diri aman tekan undat-undate kawelasan peparingan.

Belajar fokus maring lelakone uripe dewe, supoyo uripe biso tumoto selaras maring aturane Gusti Pengeran.




Ngatur uripe dewe supoyo dadi apik, luwih becik tinimbang ambisi ngatur kahanan uripe wong liyane.

Noto masang boto, noto piring, noto nglempiti pakaian penak dikapakno manut, noto menungso ora gampang, kadang marai mumet mergo duweni kekarepan lan pikiran.

Yen wes ikrar ning njero ati uripe mung kanggo Gusti Pengeran, wes sak mestine tumindak lahir batine bener-bener ora kanggo liyane.




Urip nandangi kewajiban Gusti Pengeran kuwi pancen abot, nanging luwih abot maneh yen kesikso urip susah mergo klendran ora manut printahe Gusti Pengeran.

Wong pinter ora seneng obral pamer kepinterane, tumindak lelakune andap asor ngrumangsani isih sitik pengetahuan lan ilmune.




Ora usah susah-susah mikir sing ora bakal iso kelaksanan, tuwas dadi beban pikiran akhire biso ngrusak kesehatan.

Sing Gawe urip mesti gawe kecukupan, sing susah kuwi serakah kedanan dunyo nuruti kepinginan numpuk leluwihan.

Ojo dikulinakne nafsu manggon ning suasana nyaman kepenak, akibate biso bebayani kanggo uripe awake dewe.




Duit akeh yen ragane ora sehat, yo ora biso ngrasakno nikmat. Semono ugo masio regane panganan larang, yen pikiran ora sehat rasane yo ora lezat.

Urip sehat ora bisa diregani nganggo duit, ora sitik pasien/wong gering berobat biaya nganti atusan juta nanging pancet ora biso waras-waras.

Nikmate sehat bakal kroso berharga nalikone diparingi cubo awak ora enak mangan, gering ora iso obah duwur kasur.




Sing sadar diri, ngukur kemampuan dewe ojo nganti mekso keadaan supoyo uripe ora kebak susah lan pasulayan.

Yen kewajiban maring Gusti Pengeran kelaksanan, wus mestine kebutuhan uripe bakal diparingi kecukupan.

Sing biasane sering disambati menungso kuwi urip pas-pasan ora ono leluwihan, sewalike wong sugih bingung sambat kurang akeh tambahan penghasilan.




Urip penak, ati ayem tentrem kuwi yen biso ngempet ora ngujo kepinginan kekarepan sing di luar batas kemampuan, nriman maring peparinge Gusti Pengeran.

Dunyo panggonan ora langgeng lan ora awet, mongko ojo nemen-nemen golek lan numpuk barang sing ora awet.

Menungso duwe rencana, ananging rencanane Gusti Pengeran luwih Digdaya ora biso dihalang-halangi.



Kuncine urip penak; sabar lan ikhlas nglaksanaake kewajibane Gusti pengeran.

Tumindak apik bakal langgeng selawase, bakal diiling-iling anak putune lan generasi sak mburine. 

Tumindak apik ora bakal gingsir lan brubah, sing iso brubah owah iku wong sing nglakoni, biasane kepeksan keadaan.


















Ikhlas lan sabar kuwi tumindak, sing nglakoni sabar lan ikhlas menungsone. Yen menungsone biso brubah yen tumidak ikhlas lan sabar hasil timindake. Tumindak tergantung kulinone kekumpulan pergaulan, mongko sing ati-ati golek konco kekumpulan ben ora tumindak elek.

Yen ora biso sabar lan ikhlas, senajan duwe dunyo brono akeh uripe bakal susah kesikso ambisi nafsune dewe.




Urip bakal rekoso lan suloyo yen ora ikhlas lan sabar nompo peparinge Gusti Pengeran.

Peparing ora mergo sitik lan akehe, nanging cukup lan barokah iku luwih penting.

Nikmat diparingi umur ingkang barokah luwih penting tinimbang nikmat duwi dunyo brono akeh sing nyebabake klendran nglaksanaake kewajiban.

Mugo-mugo dulur-dulur kabeh pinaringan keluarga lan urip ingkag barokah, putra-putrinipun sholih-sholihah.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan

HIKMAH NJOWOAN