Kata - kata Bijak Piwulang Jawa

Yen nandur prilaku becik, mesti bakal panen lan hasil urip becik atine ayem tentrem. Sewalike nandur prilaku ora becik, yo bakal panen urip susah.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Urip kudu tenang, pikiran sing adem, supoyo urip tansah bungah ora gampang susah, ono masalah gampang diudari sak wayah-wayah.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Prilaku gampang emosi nyebabke urip susah, yen susah lan emosi numpuk, nyebabke keadaan tambah bubrah.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Urip mung sepisan, ojo mung digawe dolanan; dolanan montor-montoran (kolektor mobil mewah), dolanan duit-duitan (investasi, deposito, giro, saham dll), dolanan omah-omahan (pamer omah megah bertingkat), ilingo bakal dibungkus kain kafan.
















Urip kuwi tergantung sikap, naliko kanugrahan seneng bungah wujud sikape syukur lisan lan kelakuan, sewalike naliko nampa musibah susah kewajiban sikape nrimo ikhlas lan sabar.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Ora ono susah terus-terusan, mesti ono jeda istirahate, minimal biso merem ngrasakno turu angler senajan sewengi.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Susah lan bungah tergantung prilakune dewe-dewe,  yen tumindake apik lan istiqomah ibadah bakal urip bungah, sewalike yen prilakune ora apik bakal urip susah. Sapa nandur bakal ngunduh.



Ojo gampang iri banjur nggugu emosi duwe rumongso paling kuat, tapi kenyataane isih butuh pitulungan songko wong liyo.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Sopo nandur apik bakal ngunduh apik. Yen kulino nandur rendet lan rawe, yo ojo ngersulo yen keroken gatelen ngunduh urip kebak pasulayan lan kesusahan.



Wong sing andap asor gelem ngalah, yo wes sakmestine diparingi piwales ati bungah lan urip barokah.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Wong sing senenge nonjolne kehebatan kadigdayan, mesti bakal dipekso Gusti Pengeran kelawan nampa musibah urip kesusahan.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Tumindak tergantung niat, niate lillah fillah billah yo bakal pinaringan urip bungah lan barokah.



Yen niat lan tumindake nganingoyo wong liyo, yo ojo kaget yen urip bakal ngunduh lan panen suloyo.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Urip mung sakdermo nglaksanaake kewajiban, mongko kudu kalaksanan kelawan manah ikhlas lan kebak kesabaran.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Ojo kekancan marang wong gampang emosi, wong gampang ngrasani, wong gampang maido, wong males nyambut gawe mundak ketularan watek e. 



Kekancano maring wong sing pinter kebak ilmune, ojo nganti gawe cidro atine wong pinter, mergo yen gawe cidro ora bakal ditulari ilmune.

Yen nyawang wong liyo panyonone kudu sing apik, mergo penyono apik pikiran dadi jernih resik, yen pikiran jernih resik ragane dadi sehat.



Wong pinter ojo digawe cidro, mergo ilmune dibutuhno. Yen digawe cidro mundak lungo pindah panggonan liyane.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Yen sliramu ora duwe ilmune, ojo gampang gawe cidrone wong sing duwe ilmune supoyo urip ora nemen-nemen kangelan.



Sing biso nguasani emosine, bakal ayem tentrem uripe lan sing biso sabar songko kepinginan nafsu ambisine bakal mulyo lan barokah uripe.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Nafsu lan emosi musuh sing ora biso sirno kumantil ning jiwo rogone menungso, mongko kudu waspodo direkso dijogo ati-ati lan tenanan.
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Emosi lan nafsu kuwi yen wus ora keno dikuasani efek akibate biso ngrusak sak sembarange.




Nggugu nafsu kepinginan yen ora awet tuwas rugi, luwih becik nguber akhirat sing kebak ridhone Gusti Pengeran
-----------------------------------------------------------------๐Ÿ’
Urip ning dunyo mung sedelo, mongko wus sakmestine istiqomah nglaksanake kewajiban maring Gusti pengeran.


___________________
Matur nuwun, mugi-mugi saget manfaat.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan

HIKMAH NJOWOAN