WATAK MENUNGSO
Le’ dipikir – pikir menungso urip ing dunyo iku ancene aneh, mati iku jelas nyatane nanging kok isih akeh sing balapan nuruti nepsune, akeh – akehan numpuk bondo. Padahal wetenge mung cukup telung piring nganti limang piring,
Sing ditutupi klambine yo mung daging lan belung sing isine ora karu – karuwan amis ambune.
Ngono yento wis rumongso apik amale njur sombong riwa riwi olehe ngandakno
Oalah, opo to yo ora ngerti le’ dewek’e bakale bathang sing arep dikubur!
Coba dipikir pisan engkas maneh, menungso iku yento kepepet masalah cepet – cepet dungo supoyo masalahe iku ndang – ndang ilang teko’ awake. Opo yo pantes ngono iku! Lucu tenan menungso iku.
Sewalike yento oleh peparing, cepet – cepet njauk tambah. Wis tambah aneh.
Ingatase mripat loro lambe siji ngonoae kok wis reno – reno penjaluke. Kok ora duwe sopan santun marang Gusti Pengerane!
Komentar
Posting Komentar