HIKMAH NJOWOAN




Njenengan Kagungan Umur  Ngantos Pinten ? Mundak  Kapundut !!!

Ngawulo kok ngawulo ning dunyo yo dipulosoro dunyo. Demen kok demen sapi seneng kok seneng sapi bendiono yo ngurusi tlethong e sapi, seneng kok seneng sedan MERCY bendino nyrebeti, nukokno uli, ngumbah, untung ae sik kuwat ngrumat.


Wong lek gething / benci karo uwong dicedhek i emoh atine gelisah, tapi nalikane sing digethingi ilang dadi seneng atine. Kawulo lek wis gething dunyo dek e tentu gak seneng cedhek - cedhek dunyo, senenge nyedhek i Gusti Pengerane



Diarani bodho ora gelem, oalah menungso - menungso. Milih barang kok barang sing ora kekal ora langgeng. numpuk duit sak akeh - akehe. dikiro duite iso gae tuku surgane Gusti Allah. moso surgo sing megah serba wah lan kekal kebek widodari diregani karo dunyo. lak wis gendheng tenan tah pikirane. Lha kok ngeyel milih dunyo ketimbang akhirate.

ุฅِู†َّุง ุนَุฑَุถْู†َุง ุงู„ุฃู…َุงู†َุฉَ ุนَู„َู‰ ุงู„ุณَّู…َุงูˆَุงุชِ ูˆَุงู„ุฃุฑْุถِ ูˆَุงู„ْุฌِุจَุงู„ِ ูَุฃَุจَูŠْู†َ ุฃَู†ْ ูŠَุญْู…ِู„ْู†َู‡َุง ูˆَุฃَุดْูَู‚ْู†َ ู…ِู†ْู‡َุง ูˆَุญَู…َู„َู‡َุง ุงู„ุฅู†ْุณَุงู†ُ ุฅِู†َّู‡ُ ูƒَุงู†َ ุธَู„ُูˆู…ًุง ุฌَู‡ُูˆู„ุง
QS. 33. Al Ahzab: 72




Sopo sing banget nyenengi  barang kang teko ning atine mesti bakal nangis nalikane barang ilang soko atine

Mpun ngantos mituruti nepsu, sacukupe mawon, mpun ora jamane  dados kawulane nepsu.

 ุฅِู†َّ ุงู„َّุฐِูŠู†َ ูƒَูَุฑُูˆุง ู„َู†ْ ุชُุบْู†ِูŠَ ุนَู†ْู‡ُู…ْ ุฃَู…ْูˆَุงู„ُู‡ُู…ْ ูˆَู„ุง ุฃَูˆْู„ุงุฏُู‡ُู…ْ ู…ِู†َ ุงู„ู„َّู‡ِ ุดَูŠْุฆًุง ูˆَุฃُูˆู„َุฆِูƒَ ู‡ُู…ْ ูˆَู‚ُูˆุฏُ ุงู„ู†َّุงุฑِ
 wong sing jelas - jelas picek atine ketutupan dunyo senajan sugih mesti ora bakal urip mulyo kang sejati. yo wong sing picek ketutupan atine ngono iku sing bakal dadi genine neroko   QS. ALi Imran 10


Kata Syeikh Ali Azurjani:
wong ahli ibadah kok sempat - sempate nyimpen panganan enak, iku jenenge wong ahli ibadah palsu. Atasane ngurusi weteng ae kok reno - reno njauk serba enak


Sak gantheng - ganthenge lan sak ayu - ayune menungso iku lambene isih akeh gidhale tur abab e yo gak enak, irunge akeh upil lan umbel e, kupinge akeh curek lan kopok e, mripat e panggonane kethek lan bolongan ngisor e udel panggonan metune tai lan banyu uyuh. iihh jian nggilani.

Mumpung isih nduwe umur, monggo sisa e umur iki diiseni barang - barang sing larang sing ono nilaine ing ngarsane Gusti Pengeran. Moso umur wis garek thithik isih doyan ma'siyat sing nyata - nyatane barang remeh gak ono nilai pahalane.  

Lek ne duso digae mambu gak enak koyo ambune bathang karo Gusti Allah, kiro - kiro sopo sing gelem nyedek i awakmu nalikalane akeh dusane.  Mongko alhamdulillah Gusti Pengeran maringi nikmat urip sing penuh hikmah


Wis Genah haram iku jelas halal yo wis jelas, moso toh gak iso mbedakne. Iku tondo yen mripate atimu picek soko nur Gusti Allah. Mongko ndepe - ndepe o nang Gusti Pengeranmu supoyo diparingi Kocomoto Taobat kang istiqomah njur iso lepas soko petenge kahanane ati picek



Moso toh surgo arep diijoli duit sedekahmu, opo yo pantes surgo sing koyo ngono megah e, gedhunge soko emas lan berlian, akeh widodarine kang ayu – ayu rupane tur perawan sak lawase arep mbok padhakno duit sing soko dunyo. Opo pikiranmu gak waras tah, lha wong surgo khusus kanggo wong sing ikhlas atine kok arep mbok banding – bandingno karo duitmu. Oalah, tekok ndi critane mlebu surgo mung krono kertas druang sing ono gambare lan tulisan 100.000.. jian gak duwe pikiran blas..



Wayah ujian sek dowo telung jam kok ngremehno gak ngisi jawabane, nganti gak kroso wayah jam e wis kurang sethithik limang menit.

Diwenehi wayah urip dowo nganti 63 – 73 tahun kok ngremehno gak ibadah – ibadah nganti wayah mati arep teko, yo ciloko tenan!!!!!
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Destinasi Wisata Pantai di Malang Selatan

Kata-kata Bijak Motivasi Kehidupan