Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2021

Quotes Jawa Robbaniyah Rububiyah

Gambar
Sing istiqomah nyedek karo sing Gawe urip supoyo urip gak nemen-nemen susahe. Sing pinter muhasabah lan intropeksi diri supoyo ora kisinan sambat maring Gusti Pengeran. Tatakramane hamba kawulo kuwi ngemawulo ngabekti melayani gawe senenge sing Gawe Urip, ora sewalike mrintah njauk dilayani kekarepan nafsune urip serba penak cemepak maring Gusti Pengeran. Diperintah ibadah malah ganti mrintah, lak yo ora duwe unggah ungguh maliyan.  Tatakramane sopan santune ibadah kelawan tulus lan ikhlas istiqomah lillah fillah billah, ora; lil jabatan, lil urip sugih dunyo, lil dihormati wong, lan lil (kanggo) liyo liyane. Yen sambat urip ora kepenak, kudu wani nyawang lan ngrekso tumindake dewe. Wes kelaksanan tenanan ora perintahe Gusti Pengerane. Sopo sing nyedek maring Gusti Pengeran bakal diparingi ati ayem tentrem senajan ora leluwihan dunyo brono. Yen mripat ati ora biso nyawang anane akhirat, pertondo ketutupan nafsu kesenengane dunyo brono lan nafsu-nafsu liyane. Sing adil maring Gusti Peng